Kamis, 07 November 2013

NASKAH DRAMA JAKA TINGKIR



JAKA TINGKIR

Pelaku : 1. Jaka Tingkir
  1. Ki Ageng Banyu Biru (KABB)
  2. Pemuda Jelmaan buaya putih
  3. Sunan Demak / Raja
  4. Patih
  5. 4 orang buaya
  6. Kerbau


 
ADEGAN 1
Ing wayah esuk, sadurunge srengenge metu kaya biasane Karebet atau Jaka Tingkir ora susah diprentah, ora susah digugah wis lagi sinau pecak, latihan kasekten lan kadik dayan. Anggone sinau/latihan silat ora katon kesel, semangat lan temenanan.
Sing kadohan Ki Ageng Banyu Biru ngawasi polah-polahe, lan gerak-gerike Jaka Tinggkir diawasi temenanan.
KABB    : “Kulup olehe latihan dina iki tak anggep wis cukup, mulo mrene sadelat.
JT        : (JT marani KABB karo ngaturaken sembah)
“Ngaturaken sembah sungkem kaki, wonten wigatos punopo, kulo ditimbali marak sowan dumateng  ngarsanipun kaki”.
 KABB     : “Kulup tak kira anggonmu sinau olah kanuragan kesaktian lan kadik dayan kanugrahan lan ilmu liyo-liyone wis tak anggap cukup, mulo kudu sing toto, titi lan prasetjo seneng tetulung marang sing lagi kesusahan, aia takabur lan aja gagahan
JT        : “Maturnuwun eyang”.
KABB    : “Wis ya ngger saiki kowe ngawulo menyang Kasultanan Demak, iki tak sangoni lempung putih”.
JT        : “Kangge nopo lempung niko eyang ?
KABB    : “Lempung kue mbesuk yen kowe wis tekan maring Demak dilebokena ning kuping kebo”.
JT        : “Nuwun Inggih, kulo nyuwun pangestu”
KABB    : “Yaw is ngger sing ati-ati, welinge aku di emut-emut InsyaAllah Slamet”.
JT        : (Salaman karo gawa bentong lan buntelan). “Njih pamit kaki”.


ADEGAN II
Kira-kira jam 4 sore, joko tingkir tekan sapinggire kali bengawan solo, kebenerane kaline lagi banjir, banyune kemilab, ombake gede, joko tingkir ora kurang akal mbanjur gawe gethek kanggo nyabrang ana ing tengah kali. Muncul buaya siluman sing tunggu ama ing kali bengawan solo.
Buaya : “Hai ki sanak, kowe arep ning endi?, sopo Jenengmu? Lan bocah soko endi?
JT     : “Aku arep nyabrang, arenku Joko tingkir, bocah sojko deso tingkir”.
Buaya           : “ora bisa, iki tlatah kekuasan ku”
JT     : ‘Aja ngalang-ngalangi laku ku, bisa tak pateni kowe”
Buaya : Ngece ya….
Akhire buaya putih gelut karo Jaka Tingkir, suwe laka sing menang laka sing kalah, terus JT ngetokake kadigdayane disembur kanggo geni buaya klah, mbanjur kapok.
Buaya : “wis aku ngaku kalah, aku arep mbantu nyambrna
( sisabrangna diringi karo buaya)
             MEGATRUK
Sigra milir sang gethek si nanggo bajul
Kawan doso kang njageni
Ing arso miwah ing pangkur
yen apit ing kanan kering
Sang gethek lampahnyo alon.
                                 
JK     : Maturnuwun aku arep nerusna lampah”
JT wis tekan tekan ano tlatah Kasultanan Demak, kebeneran ana kebo pelen sing lagi diengon, mbanjur JT marani kebo mau lan JT  ngleboni lempung ana ing kupinge kebo, sanalika kebo mbanjur bringas, ngamuk, apa sing katon katon diudag, ditambleg, ngorak-ngarik ana ing pasar, wong  sa pasar mlayu terbirit-birit.

ADEGAN III
Sunan Demak lagi palenggahan ing damper kencono kaadep daning para abdi dalem.
SD     : “Patih kepriye kahanane ana ing Demak”.
Patih : Nyuwun pangestunipun katiwasan ndoro, sa meniko wonten maeso ngamuk, mboten wonten tiyang sing saged ngawonaken maeso, milo nyuwun pitedah ndoro”.
SD     : “Wis saiki gawe sayembara sapa sing bisa ngalahkena kebo, arep tak dadikena panglima perang ana ing Kasultanan Demak”.
Patih : “Nyuwun Inggih, sameniko kulo bade budal
          (       

sedang duduk di singgasana, mendapat informasi dari patihnya bahwa ada seekor kerbau yang mengamuk ( gila ) sehingga penduduk resah pada takut.
Sunan Demak : Patih saiki diumumkan kepada seluruh rakyat negeri Demak, raja mengadakan sayembara. Siapa yang dapat melumpuhkan kerbau tersebut, akan diangkat sebagai senopati di kesultanan Demak.

Patih keliling  sambil membunyikan bendhe, siapa yang dapat melumpuhkan kerbau gila oleh raja akan diangkat menjadi senopati perang di kesultanan Demak.
Jaka tingkir mendaptarkan diri.

ADEGAN 4
Jaka Tingkir gelut dengan kerbau, kerbau kalah dan rakyat bersorak-sorak atas kemenangan jaka tingkir, kemudian jaka tingkir di bawa di kesultanan Demak, kemudian diangkat  ( di wisuda oleh sunan Demak) mulai hari ini jaka tingkir di angkat menjadi senopati kesultanan Demak. Semua rakyat meneriakan dan memberi salam sambil berteriak Hidup Jaka Tingkir…  Hidup Jaka Tingkir…  Hidup Jaka Tingkir… 

1 komentar: